Kamis, 14 Agustus 2008

JANGKA JAYABAYA SABDA GAIB

sudah lama aku sebenarnya mo nulis ini jangka jayabaya sekedar iseng saja daripada tidak ada kerjaan di kantor,aku baru tahu kalo versi jayabaya segambreng adanya dan ini salah satunya.sudilah kalo kamu ada komentar jangan sungkan2 send ya....... JANGKA JAYABAYA SABDA GAIB Babon asli kagungan dalem bandara Pangeran Harya Suryanegara Ing Ngayugyakarta KINANTHI Wirayat kanthi dahuru ,lalakone jaman wuri kang badhe jumeneng natha amengku bawana jawi kusuma trahing narendra kang sinung panggalih suci Ing mangke karseng hyang agung taksih sinengkar marmaning akeh ingkang katambuhan,mung paar kang ulah batin ,sinung wruh dening pangeran ,iku saged mastani Dene wontene dahuru sasampune hardi merapi ,gung kobar saking dahara sigar tengahira kadi lepen mili toya lahar ,ngidul ngetan njog pasisir Myang amblese glacapgunung sarta ing madura nagari meh ghatuk lan Surabaya,sabibaripun tumuli,wiwit dahuru lonlona saya lami saya ndadi Temah peperangan agung ,rurusuh mratah sabumi mungsuhe datan karuwan .polahe jalma keha sami,kadi gabah ingeteran ,montang manting rebut urip Papati atumpuk undung ,desa desa morat marit ,kutha kutha karusakan ,kraton kalih manggih kinkin ,ing sala kaleban toya ngayugyakarta sumingkir Ratunya marca sing kratun ,ngilang kalingan cecedhis,sanget kasansayanira ,wus kersaning hyang widi,gaibing kang lelampahan kinarya buwana balik SINOM Sesotyaning tanah jawa ,oncat embananeki,owahing kang tata cara,golongan patang prakawis ,aluluh dadi siji angrasuk kasudranipun ,nagara tanpa tata,mung mruruh kasil Pribadi ,tingalira tumuju salak rukma Kusuma taruna tama ,mbek suci ngupala wening.linuwaran dening alloh ,wus mantun Denya piningit ,kinen anyapih sami.kang samya gung perang pupuh lan nyirnaken durmala,mamalaning nungsa jawi.gya tumindak nglakoni pakoning allah Ngrabaseng prang mung priyangga,prasasat tang ngadu jalmi prajurite mung sirolah Tutunggale langgeng eling ,parandene kang sanara kabarubuh ,durhaka tutumpesan tan lami pan sirep sami,ginantyaning ing jaman kreta raharja Pan wus ilang malaningrat ,sinaling tulusing becik .lire murah sandhang tedha ,durwiala ,dursila enting enak atine sami ,wong jawa sadayanipun ,sawusnya tentrem samya Nenggih satriyah suci pan jinujung wong ngakatha nadeg nata Ambawani tanah jawa jujulukira narpati kanjeng sultan herucakra ,ugi kanjeng ratu adil Kawentar asmaneki ,tekeng tanah sabrang kemput,tuhu mustikaning jana ,nyata kakasihing widhi,mila tansa pinuji wong sajagad Dhuh sanggyaning sanakingwang ,mangga sami den titeni,dora tanapi temenya Ujare wirayat gaib ,mugi saged netesi ,yeku pitulungan agung ,nging kedah sawi srana,sranane tobat miring widhi tobatira mung suci manah raharja Mirayat gaib kang weca yekyi nora cira pasti,rawuh sri herucakra ,lamun para pramugari kang ngasta pusaraning ,tanah jawi sami emut ,marang para kawula ,nanging yen katungkul sami salah wengweng rerebatan mas salaka Yeng mangkono pasti gila?herucakra ratu adil ,nora teka malah lunga,nabda nyupatani Duh allah nugi mugi ,maringi enget pukulan mring pra manggeleng praja ,suci jujur eja kapti ,yen mangkono ratua adil enggal prapta

Wassalam

eyang menggung

Tidak ada komentar: