Senin, 18 Agustus 2008

Serat Sabdo Jati

AUTHOR : Ranggawarsito
STYLE : MEGATRUH
CREATED : 28 Sawal Jimakir 1802 (December, 16, 1873)



STYLE : MEGATRUH

1.


Hawya pegat ngudiya RONGing budyayu,
MarGAne suka basuki,
Dimen luWAR kang kinayun,
Kalising panggawe SIsip,
Ingkang TAberi prihatos





2.
Ulatna kang nganti bisane kepangguh,
Galedehan kang sayekti,
Talitinen awya kleru,
Larasen sajroning ati,
Tumanggap dimen tumanggon




3.
Pamanggone aneng pangesthi rahayu,
Angayomi ing tyas wening,
Eninging ati kang suwung,
Nanging sejatining isi,
Isine cipta sayektos



4.
Lakonana klawan sabaraning kalbu,
Lamun obah niniwasi,
Kasusupan setan gundhul,
Ambebidung nggawa kendhi,
Isine rupiah kethon




5.
Lamun nganti korup mring panggawe dudu,
Dadi panggonaning iblis,
Mlebu mring alam pakewuh,
Ewuh mring pananing ati,
Temah wuru kabesturon




6.
Nora kengguh mring pamardi reh budyayu,
Hayuning tyas sipat kuping,
Kinepung panggawe rusuh,
Lali pasihaning Gusti,
Ginuntingan dening Hyang Manon



7.
Parandene kabeh kang samya andulu,
Ulap kalilipen wedhi,
Akeh ingkang padha sujut,
Kinira yen Jabaranil,
Kautus dening Hyang Manon




8.
Yeng kang uning marang sejatining dawuh,
Kewuhan sajroning ati,
Yen tiniru ora urus,
Uripe kaesi-esi,
Yen niruwa dadi asor




9.
Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,
Anggelar sakalir-kalir,
Kalamun temen tinemu,
Kabegjane anekani,
Kamurahane Hyang Manon

10.
Hanuhoni kabeh kang duwe panuwun,
Yen temen-temen sayekti,
Dewa aparing pitulung Nora kurang sandhang bukti,
Saciptanira kelakon

11.
Ki Pujangga nyambi paraweh pitutur,
Saka pengunahing Widi,
Ambuka warananipun,
Aling-aling kang ngalingi,
Angilang satemah katon

12.
Para jalma sajroning jaman pakewuh,
Sudranira andadi,
Rahurune saya ndarung,
Keh tyas mirong murang margi,
Kasekten wus nora katon

13.
Katuwane winawas dahat matrenyuh,
Kenyaming sasmita sayekti,
Sanityasa tyas malatkunt,
Kongas welase kepati,
Sulaking jaman prihatos

14.
Waluyane benjang lamun ana wiku,
Memuji ngesthi sawiji,
Sabuk tebu lir majenum,
Galibedan tudang tuding,
Anacahken sakehing wong

15.
Iku lagi sirap jaman Kala Bendu,
Kala Suba kang gumanti,
Wong cilik bisa gumuyu,
Nora kurang sandhang bukti,
Sedyane kabeh kelakon

16.
Pandulune Ki Pujangga durung kemput,
Mulur lir benang tinarik,
Nanging kaseranging ngumur,
Andungkap kasidan jati,
Mulih mring jatining enggon

17.
Amung kurang wolung ari kang kadulu,
Tamating pati patitis,
Wus katon neng lokil makpul,
Angumpul ing madya ari,
Amerengi Sri Budha Pon

18.
Tanggal kaping lima antarane luhur,
Selaning tahun Jimakir,
Taluhu marjayeng janggur,
Sengara winduning pati,
Netepi ngumpul sak enggon

19.
Cinitra ri budha kaping wolulikur,
Sawal ing tahun Jimakir,
Candraning warsa pinetung,
Sembah mekswa pejangga ji,
Ki Pujangga pamit layoti

oleh eyang menggung

Tidak ada komentar: