Kamis, 14 Agustus 2008

Sebagai RENUNGAN mari kita simak wewaler di bawah ini yang masih berkaitan dengan Teka-teki “ TAPAK KUNTUL NGELAYANG ( mabur ). Namun mohon maaf jika ini tersajikan asli dalam bahasa Jawa.

Tapake Kuntul Nglayang ( mabur )
:
Iku ateges, Ora nganggo labuh, tanpo tilas, nyatane metu soko KAHANANE.

Kombang nganjap ing tawang : Iku ateges, Gesang kito pribadi kang durung oleh panggonan ( Ghaib ).

Panca Driyo : iku ateges, Pikiran cacahing 5 ( limang ) perkoro kang soko ROSO.

Kusuma Anjrah ing Tawang : Iku ateges, Wiwit nyoto KAHANANE.

Tunjung tanpo Telogo : Iku ateges, Kembang Teratai kang urip ono ing Banyu.

Isine Bumbung ( Wuluh ) wungwang : Iku ateges, Isen-isene wong kang banjur kang diarani MANUNGSO.

Golek Geni Dedamaran : Iku ateges, Manungso kang golek Kaweruh becik kudu madhangake ANGEN-ANGENE.

Ngangsu pikulan banyu : Iku ateges, Lamun karep ngupoyo sandhang pangan kudu ngetokake KRINGETE dhewe.

Jaran ngarep ing pandengan : Iku ateges, Cumitake ANGEN-ANGEN

Kekesod ngideri Jagad : Iku ateges, Kawedar kahanane.

Kodhok ngemuli lenge : Iku ateges, Anane Gusti yo anane Kawulo. Awit anane sifat kawulo diliputi ing Gusti. Dadi Dzating Gusti iku sing nguwasani sifate manungso, awit Gusti wenang MBABAR ugo wenang NGUKUT.

Galihe Kangkung : Iku ateges, Anane Hyang SUKMO SEJATI sing teko lan lungo.

Mudah-mudahan wewaler diatas bisa menjadikan bahan perenungan bagi kita bersama dalam menjalani kehidupan kita masing-masing dengan harapan kita bisa saling ASAH, ASIH dan ASUH dengan landasan sikap yang RAHMAN dan RAHIM ( Welas Asih ) terhadap sesama makhluk UNVERSAL “ tanpa memandang ATRIBUT yang dikenakannya “ agar kita selamat dan selalu berada di JALAN yang LURUS ( Ihdinas Sirotol Mustaqim ) untuk bisa PULANG kembali kepada Tuhan Yang Maha MEMILIKI dalam keadaan “ Nafsul Mutma’innah ( Jiwa yang tenang )“ hingga yang namanya “ Kolu Innalillahi wainna Ilaihi Rojiun ( semua yang berasal daripada-Nya akan kembali kepada-Nya ) “ bentul-betul menjadi kenyataan kelak. Amin.

Wassalam

eyang menggung


Tidak ada komentar: