Rabu, 13 Agustus 2008

WEJANGAN KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

Kanjeng Sunan Kalijaga paring wejangan luhur lumantar Kidung Rumeksa ing Wengi. Tumraping kalangan kejawen,kidung puniko wingit sanget. Kaplalah wonten ingkang nyebat japa mantra. Sinten kemawon ingkang maos saget mbadharaken tiyang ingkang damel piawon. Mila kidung punika ugi kuncara sanget.

DHANDHANGGULA.

Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lelara, luputa bilahi kabeh, jim setan datan purun, peneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunanging wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah mring mami, guna duduk pan sirna.

Sakabehing lara pan samnya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak lulut, kayu aeng lemah sangar, songing landhak guwaning wong lemah miring, myang pakiponing merak.

Paguponing warak sakalir, nadyan arca myang segara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaikat, sakathahing rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam uteku Baginda Esis, pangucapku ya Musa.

Napasku Nabi Musa linuwih, Nabi Yakub pamyarsaningwang, Yusup ing rupaku mangke, Nabi Ibrahim nyawaku, Abu Bakar singgih, Balung Bagendha Usman.

Sungsumingsun Patimah linuwih, Siti Aminah banyuning angga, Ayub ing ususku mangke, NAbi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, Ntraku ya Muahmmad, pamuluku rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakhathahing para Nabi, dadya srira tunggal.

Wiji sawiji mulane dadi, apan pencar saisining jagad, kasamadan dening date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang anyimpeni, dai ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toyo, kinarya dus rara gelis laki, wong edan nuli waras.

Lamun ana wong kadhendha kaki, wong kabanda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sewelas macanen singgih, luwar saking kebanda, kang kadhendha wurung, aglis nuli sinauran mring hyang, sukma kang utang puniku singgih, kang agring nuli waras.

Lamun tulus nandur pari, puwasaa sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakehngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, musuhira rep sirep tan ana wani, rahayu ing payudan.

Sing sapa reke bias nglakoni, amutiya lawan anawaa, patang puluh dina wae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, Insya Allah tineken, sakarsanireku, tumrap sanak rakyatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga.

Wondene pralambang tuwin pralampita minangka tuntunan dhateng para umat ingkang sampun ngambah tarekat wau, ingkang tamtu mikantuki, inggih kedah ngangge probt saking bab-bab ingkang dipun senengi ing akathah saha gandheng kalayan kapidadosaning agaminipun. Kasenenganing akathah ingkang makaten wau, saget pinanggih ing tetingalan ringgit purwa. Awit saking punika, mila tetingalan ringgit purwa ingkang sampun wonten samangke punika, inggih kedhah dipun ewahi kalarasaken kalayan kaislaman, dadosa srana penetah tumrap ummat Islam ingkang sampun ngambah tarekat.

Mila tetingalan ringgit purwa sami dipun senengi tetiyang kathah ingkang gandheng kalayan kapitadosning agami , jalaran : wonten tetingalan punika pancen iyasasanipun para ulu-uluning agami Siwah, kangge mujudaken piwulangipun ingkang kawrat ing serat Mahabharata. Kadasto : dumadosing para titah, para dewa ingkang nitahaken, jim peri prayangan, suwarga neraka, pepasthining manungsa, sadayanipun saget kamot ing gambaran ringgit purwa. Jalaran saking wujud makaten wau, pangaji-ajinipun tetiyang kathah dhateng tetingalan ringgit, prasasat mboten beda kaliyan pangaji-ajinipun dhateng para dewa panutanipun. Saben tiyang nanggap wayang, tamtu mboten tilar upacara sesaji tuwin ketutug dupa ratus sapanungalipun kados dene sesaji dhateng para dewa panutanipun.

Saking agenging kapitadosan, ngantos lahiripun jabang bayi ingkang manut kapitadosanipun agami Siwah tuwin Buda pinasthi dados mangsanipun Bathara Kala, ugeripun sampun dipun sranani tatacara ngruwat ingkang katidakaken sarana tetingalan ringgit lampahan murwakala, ngantos diwasaning bayi wau, sampun rinaos uwal saking papasthen dados mangsaning Bathara Kala. Mila kamosrikan ingkang ngantos samanten lebetipun puniko saking sakedik kedah dipun icali, nanging caranipun ngicali, kedah tansah kanthi kawicaksanan sampun ngantos damel kageting tyang kathah. Kapara malah kaangkah sagetipun nuju prana.

Makaten wigatosing usulipun Kanjeng Sunan Kalijaga ing parepatanipun para Wali. Usul wau ugi dipun sarujuki saha ugi katindhakaken. Upacara dalah lampah lampahipun, angeplek usul rebagipun Kanjeng Sunan Kalijaga.

Wassalam
eyang menggung

Tidak ada komentar: