Senin, 18 Agustus 2008

Pawartos Jawi

HONG WILAHING
SEKARING BAWONO LANGGENG

"Sapa kang gawe bakal nganggo
Sapa kang nandur bakal ngunduh
Sapa kang goroh bakal growoh
Sapa kang salah bakal seleh !"





SERAT KALATIDHA-JARWA
INDEX

PRIMBON
SERAT JAKALODHANG
LAKUTAMA

SABDA GAIB
SERAT KALATIDHA WALIRASA
SABDA PAMASA

SABDA PALON


JANGKA JOYOBOYO
KERIS

NITISASTRA
TRIKALI / TRIWIKRAMA
KALABENDU

T I T I
SALEBARE RAJA KUNING
KASUTAPAN / SEMEDI








JANGKA RONGGOWARSITO

Keong lurik saparan-paran
pak cilik golek dalan
pak gede bakal teka
Wong Jawa bakal cilaka
Wowo menek klapa
Kyai mantu bakal teka
Wong Jawa bakal cilaka
Tak sawang teka nduwur klapa
Umbul-umbul kambi pasir
Cina gundul donyane kocar-kacir
Umbul-umbul kambi watu
Cina gundul bakal dadi ratu


Sabda Pranawa
Lugunipun
Rasaning tyas kayungyun ngayati,
Lukitaning sekar dhandhanggula,
Linalar srana wengane,
Krentek osiking kalbu,
Katarbuka weninging budi,
Kang nedya maharjeng tyas,
Sarwi weh pitutur,
Sumingkir mring para-cidra,
Myang mirangrong murang ing reh krama-niti,
Tinilar ing jro cipta.




Jarwanipun

* Larasing penggalihipun Pujangga kasemsem ngadani bade medharaken sasmitaning jaman, kanthi rinengga ing sekar Dhandhanggula, menggah tuwuhing sasmita wau sampun kalimbang-limbang ngantos dumugi kabukaning raos, krentek saha osiking manah ingkang sampun tinarbuka manjing kaweningan sarta padhang pikiranipun anggenipun bade sumedya nata karahayoning budi, sarana piwulang sageda sumingkir saking tindak para cidra, punapa malih pandamel piawon, ingkang nyimpang saking patrap kasusilan, sadaya wau sampun ngantos sumimpen ing manah.

* Den anedya amituhu maring, gaibing Hyang jroning jaman edan, iku wus dadi kersane, Gusti Hyang Maha Agung, anggung maweh atising kapti, tata-tataning gesang, kataliwar mawut, ruwete saya andadra, dipun sami nyenyudya ardaning budi, ulah titising sedya.


* Ing salebeting jaman ewah, kawontenan tetiyang kathah ingkang remen goroh ngapus-apusi sarta bedhangan, kathah tiyang ingkang kuwalik panganggepipun, pratingkah awon anggepipun sae, tuwin sapanunggalanipun.

Mugi nggadahana sedya ingkang tumemen anggening ngestoaken kaparenging Pangeran ingkang taksih sinengker, amargi tuwuhing jaman wau, sampun pinasti dening Gusti Ingkang Maha Agung, mila tansah tuwuh lelampahan ingkang damel atising kekajeng, tumraping pranatan wajibing gesang sampun mawut ketula-tula, kisruhing lelampah saya ndadra, awit saking punika dipun sami nynyudaa kekajengan ingkang ngambra-ambra, lajeng kaparenga nggegulang pratising tekadipun.


* Ngajap maring rahayu ngayemi, ngayomana samining tumitah, ngendak arda kamurkane, ngendangken tindak dudu, den duwaa tumibeng tebih, bablas kentas anatas, tyasing pra tumuwuh, katarbuka mung anedya, tumindak mring rahayu anerusing budi, dumadi yogya tama.


* Mangesthiya datheng karahayon ingkang nyrambahi damel asreping manah, sarta ngayomana sasamining tumitah, punapa malih ngendhakna osiking manah, ingkang adreng tuwin kamurkaning hawa nepsu ingkang ndadosaken pepeteng, nyingkiraken tindak ingkang nyimpang ing kaleresan, kaduwaa ngantos dhumawah ing tebih, bablas lebur sadayaning. Lejeng sagung dumados manahipun sami tinarbuka, lair batosipun namung sumedya tumindak dhateng karahayon, ing wasana kawontenanipun dados prayogi sarta utami.

* Beda lan kang pangajaping kapti, ngaji pupung mupung dadi gesang, sadina-dina den tutke, rubedaning tyas ngumbruk,gungkininthil mung atut wuri, riwut mawut ing nala, arawat dahuru, korup kaserung tyas growah, wahanane gorohnya saya andadi, sadya mung yun cidra.

* Beda kaliyan ingkang pangesthinipun remen ngaji pupung, mupung taksih tinitah geseng ing sadinten-dinten dipun tutaken rubedaning manah, warni-warni ngantos ngumbruk kathah sanget, tansah kaninthil, namung tut wingking kemawon, tumindhakipun riwut ngantos mowat-mawut gesangipun,manahipun kebak reresah, ketarik saking korup kadhesek cupeting budi ngagengaken paracidra, sadaya sami pinter goroh.

* Ilang nglayang budayaning urip, tanpa bayu weyane ndaluya, sacipta-ciptaning tyase, mung sarwa gawe gidhuh, mbabayani samining urip, budine saya rusak, padone tan payu, ajine wus ora ana, analutuh pakewuhe saya ndadi, dumadi kasangsara.

* Budi-dayane kabur ical, badan cape, sepen ing panggraita, ciptaning manah saben jumedul namung tansah damel gidhuh, lajeng dados ama ingkang mbebayani tumrap sasamining gesang, amargi budinipun saya risak, rembagipun mboten wonten, jalaran kepatuh ing piawon, mila pakewidipun sangsaya ndados, ing temahan gesangipun manggih sangsara.

* Rongeh rungkat utamaning urip, ringa-ringa kari ura-ura, dhandhanggula mrih agawe, lejar enggaring kalbu, angleluri leluhur nguni, abote dadi gesang, saking denya wayuh, wayuh wahyu paringing Hyang, ya bok donya kalawan embok rijeki, kang sami awratira.

* Ing jaman wau manahing tetiyang sami rongeh, ical tabeting kautaman, amung rangu-rangu kantun ura-ura sekar dhandhanggula kangge nglelipur supados saget damel pepadhanging saha senenging manah, sarana nggegesang pamanggihipun sampun kinodrat dening Pangeran, kedah saged wayuh garwa kekalih, inggih punika Bok Donya lan Bok Rijeki, punika sami awratipun.


Wassalam

eyang menggung

Tidak ada komentar: