Jumat, 15 Agustus 2008

SastraJendra

Ampun dados derdhahing manah, menawi sedaya ingkang sampun kagelar sanes pikajengan badhan salira pribadi. Kasabab gelar-gulungipun kawruh HURIP lan kasunyatan hurip sampun dados gelar ingkang nyata. Punapi ingkang sampun kaandareken ing tembe uni, sejatosipun dawah saking telenging raosing arrasy kinobaran saking getering cahya HURIP ingkang mahanani dayaning cipta driya nuwuhaken adhining Sastrajendra kanthi kawicaksananipun adhi Hayuningrat.

Nalika manuso nembe mijil (kalahiraken) saking garbane kanjeng ibu. Sampun dados wewacan Sastrajendra. Jebeng jabang bayi dereng saged wawan pangandikan. Dereng saged nyebat Hyang Suksma, Hyang Kuwasa, punapa dene nyebat Allah. Sedaya sesebatan tuwuh sesampunipun manuso saged wawan sabdo. Hananging ing kasunyatane (kasat padulu) menawi jebeng jabang bayi menika rineksa ing kuwasaning HURIP. Ing Paningkes HURIP kuwi wis ONO sakdurungi ono ALLAH.
HURIP Kuwi ONO ning samubarang katon.
Kitab Agung kasunyatane kaanggit dening hastaning "manuso pinilih linambaran sucining rasa kang purwane saking telenging cahya rasa arrasy kang jumbuh manunggal kalawan HURIP. Ing wekasane kitab agung dadhi suluh kangge handayani lakuning manuso bali ing alam hurip kang langgeng.

Wassalam

eyang menggung

Tidak ada komentar: