Kamis, 14 Agustus 2008

SASTRA GENDING

Diambil dari majalah jayabaya.

Makna kiasan dibalik sastra gending Sastra lan gending =sastra isbating kawruh /pangawikan sipat wewujudan lan kahanan Kongkrit lan nyata minangka cara kanthi parikaya dan perilaku nembah marang gusti alloh-sareat- lan gending isbating hakekat –liripun kasunyatan ingkang leres{essensial) Utawi pokok ,sastra gending ateges akal pikir lan raos batin. Prangosin jiwa lan batin.pungkasanipun ateges wadah la nisi.

oLah tembang=ateges olah pangawikan hakekat mardaga gending=lirinipun olah wiramaning hakekat wirama,wilet, lan beciking laras gending =ategesipun wiramaning raos kajiwan nyampleng larasing gending=liripun nikmat larasing pangraos cengklingipun suwanten ing gending-=isbat esthining rasa panembah garis ageng sastra gending


1 piwulang katuhanan yang maha esa.panembah marang alloh lan manunggal jumbuhing Titah kaliyan ingkang nitahaken.ingkang katha nglambangaken piwulang kebatosan Kejawen------mendet wirasa sufisme Ingkang saged mranani inggih punika kacundakaken kaliyan lampah,olahing gending Jawi.ingkang kalarasaken kaliyan pepindhan lumrahing ganda arum amriking puspita Ingkang nyuceni reregeding batos


2 ngedahaken pinter maca nnulis kawi kawigyan /pangawikan kasusastran luhur. Yen ngantos lirwa boten badhe dipunakeni trah mataram.sarana isbat caraka basa dentawyanjana lan dasa nama, kerata basa ,bebasan lan sanesipun malih=ingkang ngisbat 20 sifat ALLOH SWT ALIF minangka simbul sang khalik –ingkang sampun wonten saderengipun wonten punapa punapa.-taksih awing awung Sampes ngantos sami cecongkrahan arebut unggul bab ngelmu sareat lan hakekat Sarta kamlungkung rebutan duwuring kapinteran awit bab luhuring sareat utawi hakekat punika prayogi taken dhateng ulama ingkang sampun pana ing ngelmu sarta dalil kadisipun.


Contoh sekar sinom mengenai bab hakekat panembah ALLOH


Pramila gendhing yen bubrah Gugur sembahe mring widhi Batal wesaning sholat Tanpa gawe olah gending Deneng aran tembang gending Tukireng swara linuhung Amuji asmane zat Swara saking osiking wadi Osik mulya wentaring cipta surasa Surasane ngesthi kayat Kayat ingkang baka kadim Pramila wong olah tembang Wus dene mardageng gending Den wignya tanduk manis Wirama wiletering rum Myang nyamlengira raras Raras
mangsrusing pangesti Lamon bubrah tan mot pamudyeng iradat

Wassalam

eyang menggung